
critane sardot lagi nglamar gawean trus diwawancara karo pegawe HRD sing jenenge sodron...
.
.
.
.
sodron : piye ono opo??
sardot : ajeng nglamar gawean pak..
sodron : kene raono sing jenenge gawean,anane markonah kae umur 89 taun,gelem ngrabeni po?
sardot : maksud kulo ajeng nglamar gawean utawi kerjaan sanes nglamar mbah mbah pak..
sodron : owalah.. Ora ngomong ket mau..
sardot : kulo sampun matur njenengan malah ngajak guyon kok..
sodron : mending tak jak guyon daripada tak jak gelot,wong aku yo ra seneng karo wong elek koyo koe ngono..
sardot : hehee.. Njenengan kok saget mawon gawe guyu.. pripun wonten lowongan mboten pak?
sodron :sakjane kowe ki meh golek gawean po lowongan??ojo marake bingung,sampluk rampal untumu sak kontener..
sardot : lha lowongan kalih gawean kan sami pak??
sodron : bedo !! Nek gawean panggonane wong2 do nyambut gawe golek duit.nek lowongan panggonane lowong2 koyo to sumur,lan lambemu sing
lowong kui gek jenenge lowongan..
sardot : nggih pun,sakarepe njenengan mawon sing waras ngalah..
sodron : lha yo kudu ngalah,nek sing loro sing kon ngalah dipan rumah sakit kae akeh wong waras do turu ngleketer sing loro malah klekaran
neng njubin to.. jiaan ra mikir..
sardot : njih mpun pak.kulo manut njenengan mawon sakniki wonten gawean mboten??
sodron : kae ono gawean akeh.kowe milih sing dadi atasan bawahan..
sardot : laah.. kulo mboten gadah ijasah pak.. nek atasan saget ketrimo??
sodron : yo iso kene ra mandang ijasah po ora,sing penting gelem usaha..
sardot : alhamdulillah nggih kulo dados atasan mawon kerjaane pripun?
sodron : nek atasan kae neng nduwur gendeng ono penangkal petir,lha setiap kali udan kerjaanmu mung munggah nyekeli penangkal petir kui nek
pas bledeg nyamber mbok cekel trus mbok kumpulke gawe sumber listrik sesuk'e..
sardot : waalaaahhh.. Lhak ambyar kulo pak.dereng gajian wis wasalam.mboten mawon kulo nyuwun ting bawahan mawon..
sodron : sek sek... Yo wes.sebenere pengalamanmu kui opo??
sardot : kulo mboten gadah pengalaman mung biasa nguli bangunan ngusung pasir mbeto gerobak niko pak..
sodron : wah cocok kui pas karo syarate kerjo bawahan...
sardot : alhamdulillah pak.matursuwun,lha gaweane pripun njih?
sodron :kowe dtempatke neng kapal selam gelem???
sardot : alhamdulillah tenan pak purun sanget to. matursuwun.mangkih bayarane ageng njih? Saget pengalaman weruh dunia bawah
laut.matursuwun pak.trus pripun kerjaane kulo?
sodron : lha iyo ngko kowe yo dibayar dollar barang,soal kerjaan gampang bayaran sesasi full kerjaanmu ra terus2an..
sardot : matursuwun sanget pak.nek gajine dollar kan saget sugih iso nggolek cewek ngendi2 njih pak? Iso spa,sauna,lan golek2 cewek2 sing
iso mijeti.. Trus macem2 kae pak ketemu dunyane ki hehehe... .syukurlah pak..
sodron : dasar utekmu mesum ngono.rausah cengengesan,,, irungmu tambah mekar.sanggup ra?
sardot : eh,, niku anes irung sembarangan pak,niki semacam bakpia patok.ngenyek njenengan ki. njih nek ngoten njih sanggup to pak.gandeng
penyemangat pados suargo ndunyo.lha pripun gaweane pak?
sodron : ora ngenyek mung ngepaske.heheh... Guyon2.piss. Bali neng gawean meneh.iki gaweane gampang.kowe kan wis pengalaman nyurung
gerobak.sesuk nek pas kapal selame macet.bagianmu nglangi karo nyurung kapal tekan dermaga..
sardot : laahh. Gubraaakkk.. Mboten kemawon pak.mangke dereng bayaran.wis dicaplok hiu kan yo matek...(hasem ngajak geger tenan ki bose)
Nek kerjaan tengahan mawon wonten pak??
sodron : ono.ki neng laboratorium.ilatmu seneng kuliner ra? Iso mbedake roso2 masakan ra??
sardot : lah nek niku kecil pak.mbok'e kulo niku nek masak macem2.kulo njih saget mbedake rasa kurang micin,garem lan sebagainya
pak.gampang niku kangge kulo.pripun? Kulo meh didadeke host acara kuliner nopo chef laborat pak?? Matursuwun sanget..
sodron : ora ngono,neng laboratoroum ku gek meh nggawe produk racun tikus anyaran,ben rasane podo lan tingkat kemanjurane standar,
bagianmu ngicipi racun kui tiap kali produksi.yo sesendok2 ngono.. piye?
sardot :wis pak.. Reneo tak gedik nd*smu.gelot wae.. Nek ngene ki...
*saknaliko wong 2 kuwi gelot dewe
SUMBER : REPUBLIK JOWONESIA
romzah1987@gmail.com
ReplyDelete